Unknown

1.       Tembung Saroja
yaiku tembung kang pada tegese, digandheng dadi siji.
Tuladha :
Ø  sabar drana
Ø  lara lapa
Ø  pait getir

2.    Tembung Yogyaswara
yaiku tembung loro kang digandheng dadi siji mawa teges lanang wedon.
Tuladha :
Ø  putra putri
Ø  dewa dewi
Ø  siswa siswi

3.     Tembung Garba
yaiku tembung loro kang digandheng nanging suda wandane.
Tuladha :
Ø  siti ingggil       : sitinggil





Ø  nara endra       : narendra
Ø  prapta ing       : prapteng

4.    Rura Basa
yaiku tembung kang salah kaprah.
Tuladha :
Ø  godog wedang
Ø  adang sega
Ø  nguleg sambel

5.    Kerata Basa
yaiku tembung kang mujudake cekakan rong tembung utawa lewih kang dadi ukara.
Tuladha :
Ø  wedang            : ngawe kadang
Ø  nandur                        : nata karo mundur
Ø  kuping             : kaku njepiping

6.    Tembung Entar
yaiku tembung kang tegese ora salugune.
Tuladha :
Ø  dawa tangane : seneng nyolong
Ø  dawa ususe      : sabar
Ø  lunyu ilate      : criwis

7.     Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg tegese wantah (apa anane ).
Tuladha :
Ø  Kepara kepere
F  pangedume ora padha
Ø  Kerot tanpa untu
F  kakehen pangangkah nanging ora duwe kekuwatan
Ø  Anak polah bapak kepradah
F  wong tuwa nyembadani panyuwunane anak

8.    Bebasan
yaiku unen-unen kang ngemu surasa pepindhahan.
Tuladha :
Ø  Nabok nyilih tangan
= gawe pilara kanthi kongkonan
Ø  Ngubak-ubak banyu bening
= gawe rusuh ing papan tentrem

Ø  Adol lenga kari busike
= tukang andum malah ora keduman

9.    Saloka
yaiku unen-unen kang gumathok, ngemu pepindhan.
Tuladha :
Ø  Kebo nusu gudel
: wong tuwa njaluk wulang wong enom
Ø  Batok bolu isi madu
: wong ala rupane nanging pinter
Ø  Kemlandeyan ngajak sempal
: kanca kang ngajak rusak

10.  Sanepa
yaiku unen-unen kang tegese mbangetake, nanging tembunge kosok balen.
Tuladha :
Ø  Tatune arang kranjang
¾ tatune kerep banget
Ø  Utange arang wulu kucing
¾ utange akeh banget
Ø  Rasane legi bratawali
¾ rasane pait banget



11.    Cangkriman
yaiku unen-unen kang kudu dibatang.
Tuladha :
Ø  Burnas kopen ( bubur panas kokopen )
Ø  Sega sekepel dirubung tinggi ( salak )
Ø  Wong adol krambil dikepruki ( sing dikepruku krambile )

12. Wangsalan
yaiku unen-unen kaya cangkriman, nanging dibatang dhewe.
Tuladha :
Ø  Wong kok mentil kacang, mbesengut bae
( pentil kacang : sungut )
Ø  Nyaron bumbung nganti cengklungen
( saron bumbung : angklung )
Ø  Sarung jagung, timbang bae
( sarung jagung : klobot )

13.  Parikan
yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara.
Tuladha :
Ø  Wajik kletik gula jawa, lewih becik wong prasaja
Ø  Tawon madu ngisep sekar, golek ilmu kudu sabar
Ø  Wedang kopi gula jawa, aja lali karo kanca

14. Pepindhan
yaiku unen-unen kang nyebutake samubarang kanthi dipindhahake.
Tuladha :
Ø  Kesite kaya manuk srikatan
Ø  Rukune kaya mimi lan mintuna
Ø  Ayune kaya Dewi Ratih





0 Responses

Posting Komentar