Unknown


Kelompok :
1.     Fina Yulistiyani            (8)
2.    Nia Agustiningrum      (16)
3.    Nova Cahyani               (19)

KEBUDHAYAAN ING DESA SELILING
Narasumber : Mbah Makasin

Fina
: Assalamu’alaikum, saderengipun kula ngaturaken panuwun dhumateng simbah ingkang sampun nglonggaraken wekdal kangge kula wawancara menawi tugas Basa Jawa saka sekolah.

Narasumber
: Wa’alaikumsalam, Nggeh mboten napa – napa nduk. Apa kang arep kok takonake ?

Fina
: Kang badhe kula taken inggih menika babagan kebudhayaan utawa tradhisi ing desa iki. Tradhisi apa wae kang esih langgeng kanthi saiki mbah ?

Narasumber
: Ooo, saiki tradhisi menika sampun akeh kang surut. Nanging ana kang tesih kelakon kanthi saiki

Nia
Napa kuwi mbah ?

Narasumber
: Arane among – among, biasane dianakake yen ana sing tanggap warsa utawa sukuran. Among-among iki biasane kanggo bocah cilik lan mangane bareng-bareng kanggo tampah kang gedhe

Nova
: Menawi isinipun among-among niku napa wae mbah ?

Narasumber
: Akeh, ana sega kang manggon ana tengah, sakpinggire kayata kluban, tempe goreng, endog kang disigar wolu, krupuk, lodeh mi, lan liya-liyane

Fina
: Napa niku wonten makna saking panganan kang ana ing tampah ?

Narasumber
: Wah, yen niku kula mboten ngertos nduk. Lha among-among iki sampun saka mbiyen, mung turun temurun kanthi saiki

Nia
: Lha tata caranipun mangan sareng-sareng  pripun mbah ?

Narasumber
: Sadurunge kudu disiapake banyu nang ember lan diwenehi godhong jarak. Ember kuwi kanggo tatakan tampah. Sawise donga bareng banjur bocah cilik pada ngubengi tampah lan mangan bareng-bareng. Yen wis rampung, banjur mbasuh tangan kanggo banyu ing ember kanthi cara dikobok

Nia
: Menapa kedah sareng-sareng mangane ?

Narasumber
: Jaman mbiyen kuwi maknane persatuan lan kesatuan tesih kenthel, apa-apa bareng lan dirembug. Nanging saiki, cobi pandheng, sapiring cah loro yen udu dulur uga ra gelem mangan bareng. Lha jaman mbiyen satampah kanggo sak RT wis pada syukur alhamdulillah lan ora ana omongan jijih utawa mandeng “gengsi”

Fina
: Lha sakwise among-among rampung, lajeng pripun. Napa langsung wangsul ?

Narasumber
: Ya ora, yen wis rampung, banjur kang duwe gawe menehi dhuwit marang bocah kang teka, dhuwite 500 saben bocah.

Nova
: Artinipun saiki mboten sareng-sareng malih dhahare ?

Narasumber
: Iya, saiki dudu kanggo tampah lan ember. Nanging dibunteli kanggo godhong dhewe-dhewe, banjur di dumake marang tanga-tanggane

Nova
: Lah dhuwit kang dibagi napa taksih wonten ?

Narasumber
: Ora, saiki dhuwit 500 mung olih permen siji, yen arep dibagi 5000 iji ya sing duwe gawe bangkrut

Nova
: Ehee.. wonten laine mallih mbah ?

Narasumber
: Wis entek je nduk

Nia
: Nggih sampun mbah, sapisan malih kula matur nuwun dumateng simbah ingkan sampun biyantu kula

Narasumber
: Nggih mboten napa-napa

Fina, Nia, Nova
: Kula pamit riyin mbah, Assalamu’alaikum

Narasumber
: Wa’alaikumsalam,




0 Responses

Posting Komentar